Yeot (엿) ya iku jinis permen lan pemanis tradhisional kas Koréa kang biyasa dilapisake ing bahan roti-roti.[1] Yeot kira-kira wis digawé déning masarakat Koréa kawit jaman kuna.[1][2] Wong Koréa nggunakaké yeot minangka pemanis lan minangka panganan entheng, lan jajanan kang biyasa diwènèhake simbah kakung lan simbah putri marang putu-putune.[1] Yeot misuwur minangka manisan kang diwènèhake marang pelajar kang mèlu ujian.[1] Ing basa Koréa, ana istilah "kanthil karo ujian", mula pelajar ing Koréa bakal diwènèhi permen yeot kang kanthil supaya padha lulus ujian.[1] Mula nalika mangsa ujian, akèh wong kang dodolan yeot ing dalanan.[1]
{{cite book}}
: Check |isbn=
value: length (pitulung)